Menyang kontèn

Maja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Maja
Woh maja ing kawasan Senayan, Jakarta
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Subklas: Rosidae
Ordho: Sapindales
Famili: Rutaceae
Génus: Aegle
Spésies: A. marmelos
Jeneng binomial
Aegle marmelos
(L.) Corr.

Maja (Aegle marmelos (L.) Correa, iku jinising jeruk-jerukan utawa Rutaceae) sing wité kuat ing panggonan sing angèl nanging godhongé gampang rontok. Asliné saka Asia tropika lan subtropika. Tuwuhan iki lumrahé dibudidayakaké ing pekarangan tanpa dirumat. Maja iku isih saseduluran karo kawista. Ing Bali dikenal kanthi sebutan bila.

Tuwuhan iki bisa tuwuh ing panggonan sing angèl, upamané suhu panas banget (49°C) ing mangsa katiga utawa-7 °C ing mangsa adhem ing Punjab (India), sadhuwuring +1.200m saka lumahing sagara. Ing Asia Kidul-Wétan, maja mung bisa ngembang lan ngewoh kanthi becik yèn mangsa garing sing krasa tenan lan ora umum katemon ing elevasi sadhuwuring 500 m. Maja bisa waé urip ing tlatah rawa, garing, lan semanak karo lemah sing rada basa (salin).

Kulit njaba woh maja wernané ijo nanging isiné kuning utawa jingga. Ambuné wangi lan banyuné manis, ora kaya anggepan sawatara wong Jawa sing nganggep rasané pahit.

Rena-rena

[besut | besut sumber]

Maja mau ing mitos dumadiné karajan Majapahit, karajan sing nguwasani saindhenging Nusantara ing abad XIII-XV. Jaré carita gethok tular, Radèn Wijaya, sing ngadegaké karajan, éntuk lemah ing tlatah Tarik (saiki sakidulé Surabaya). Nalika lagi babad alas ana prejurité sing mangan woh maja. Kebeneran rasané pait. Mula, panggonan bulak kana banjur mau "Majapahit".

Pranala njaba

[besut | besut sumber]