Menyang kontèn

Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 7 Maret 2013 16.34 déning Addbot (parembugan | pasumbang) (Bot: Migrating 99 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q3757 (translate me))
Jawa
Geography
LocationAsia Kidul-Wétan
Coordinates7°30′10″S 111°15′47″E / 7.50278°S 111.26306°E / -7.50278; 111.26306
ArchipelagoKapuloan Sundha Gedhé
Administration
Indonésia
Demographics
Population124 yuta

Jawa iku jeneng salah sawijine pulo ing Indonesia, jembare ana 132,000 km², lan pendhudhuke ana 114 yuta jiwa. Pulo iki pulo sing padhet lan kebak dhewe ning Indonesia. Kapadhetane ana 864 jiwa sa-km². Yen pulo iki nagara, wus dadi nagara sing padhet nomor loro sadonya.

Pambagéyan Administratif

Pamaréntah Provinsi

Pulo Jawa kabagi dadi 6, Pamaréntah Provinsi [Sadurunge Otonomi Daerah jenenge Daerah Tingkat I/Daerah Istimewa ]

Pemerintah Kabupaten/Kota

Saben propinsi ing Jawa mau banjur dibagi maneh dadi tlatah sing luwih cilik yaiku kabupaten lan kutha.( Sadurunge Otonomi dhaerah jenenge Pemerintah Daerah Tingkat II Kabupaten utawa Kotamadya ).

Pedunung

Ana 2 suku gedhe ing pulo iki yaiku wong Jawa lan wong Sundha. Wong Jawa umume manggon ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan Jawa Timur, wong Sundha ing Jawa Barat. Suku gedhe liyane ing pulo Jawa yaiku, wong Madura, wong Baduy, wong Samin lan wong Tengger.

Budaya

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa

Budhaya sing urip ing pulo Jawa umumé asale saka budhaya India sing mlebu ing pulo Jawa liwat agama Hindu lan Buddha iku watara taun 400 M, sadurunge iku budhaya sing urip yaiku budaya/peradaban primitif. Saliyane saka India, uga ana pengaruh budhaya saka China, Arab lan liyane uga saka agama-agama Islam, Kristen lan agama/kepercayaan primitif kaya Animisme, Kejawen lan liyane.

Basa

Seni

Uga delengen