B.jawa Bab 1

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 18

Crita Ramayana kaperang dadi pitung kitab utawa kandha (kang diarani

Saptakandha), yaiku Batakandha, Ayodhyakandha, Aranyakandha,


Kiskendhakandha, Sundarakandha, Yudhhakandha, lan Uttarakandha.
Salah sijining paraga ing crita Ramayana kang aran Resi Jatayu dicritakake
ing kitab Aranyakanda. Ing kitab iku uga diandharke kepiye kepriye
rekadayane prabu rahwona duta Dewi Sinta karwane Raden ramawijaya.

CERITA RESI JATAYU

Nalika ngenteni tekane Rama lan Leksmana ngoyak kidang


kencana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon tuwa iku
ngerti menawa Sinta bakal trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta.
Nanging nalika wong wadon iku ora bisa nyedhaki Sinta, dheweke
banjur celathu, “Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi
disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh njaluk kembang mlathi
sing endah iku?” panjaluke wong wadon tuwa kuwi katon melas.

Sinta banjur menehake mlati saka rambute, kanthi ngathungake


tangane menyang sanjabane bunderan. Bunderan iku digawe
Leksmana kanggo ngreksa Sinta nalika dhewekan, sadurunge
ditinggal dening Leksmana kanggo nyusul Raden Rama nyekel
Kidang Kencana. Nanging, wong wadon tuwa iku ora mung njupuk
kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka
bunderan. Sinta njerit

Jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana kang memba-memba


lan nduwe sedya ndhustha Sinta. Rahwana banjur ngguyu
cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang
Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake.

Dumadakan Rahwana ditladhung manuk garudha kang ndadekake


Sinta meh wae tiba ing lemah. Kanthi trengginas manuk iku
nyathok awake Sinta “Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng
panjerit paduka saking katebihan,” ature manuk iku.

“Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku,” kandhane Sinta.


Sanajan kasil ngrebut Sinta saka regemane Rahwana, Jathayu
nandhang tatu Sadurunge mati, Jathayu weling marang Sinta.
“Putri, Paduka pundhut salembar wulu ing badan kula. Benjing
badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri!” Jathayu matur
ngrerintih

Sinta banjur nuruti ature Jathayu mau. Dheweke njabut saeler


wulu saka awake Jathayu. Wulu wau dadi tandha yen Jathayu wis
ngupaya mbiyantu Sinta. Nanging ora suwe sawise Sinta njabut
wulu mau, Rahwana nyamber awake Sinta maneh. Sinta
digendhong lan digawa lunga menyang Alengka.
Crita wayang iku babone werna loro, yaiku Mahabarata lan Ramayana.
Crita wayang Ramayana nyritakake Raden Rama nalika menang
sayembara banjur nggarwa Dewi Sinta, nganti prastawa garwane
didhustha dening Dasamuka, raja ing Alengka. Epos Ramayana klebu
salah sawijining crita kang misuwur. Lakon ing crita Ramayana iku beda-
beda. Ramayana uga ana ing khazanah sastra Jawa mawi wujud kakawin
Ramayana, lan gubahan-gubahane ing basa Jawa anyar sing ora kabeh
ngetutna kakawin.

Ramayana iku salah siji wiracarita saka tlatah India. Kitab iki dianggep
buku fiksi paling tuwa sadonya yen kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab
Ramayana ditulis dening Mpu Walmiki, kira-kira ing taun 300 sadurunge
Masehi.

1. Wose Crita Ramayana

Wose/isi crita Ramayana ngandharake tumindak lan solah bawane Prabu


Rama.

Wondene wose pitung perangan kang diarani Saptakandha, kaya ing


ngisor iki.

A. Balakandha

Kitab Balakandha iku minangka wiwitane lakon Ramayana. Kitab


Balakandha nyritakake Prabu Dasarata kagungan garwa Dewi Kosalya,
Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku
Rama, Barata, Lakshmana lan Satrughna. Kitab Balakandha uga
nyritakake Sang Rama kang kasil menangake sayembara lan bisa nggarwa
Sinta, putri Prabu Janaka. B. Ayodhyakandha

B. Ayodyakandha

Kitab Ayodhyakandha nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas


bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lesmana merga panjalukke Dewi
Kekayi. Sawise iku, Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur seda. Bharata
ora gelem dijumenengake dadi Raja, dheweke banjur nyusul Rama. Rama
nampik yen kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata
pinangka sulih Sang Rama.

C. Aranyakandha

Kitab Aranyakakandha nyritakake babagan uripe Rama, Sinta, lan


Lesmana

Ing satengahing alas nalika lagi nglakoni wektu pengasingan. Ana ing
satengahing
Alas, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa
diganggu karo raseksa. Kitab Aranyakakandha iku uga nyritakake babagan
Sinta sing diculik karo Rahwana karo crita babagan paprangane Rahwana
karo Jathayu.

d. Kiskindhakandha

Kitab Kiskindhakandha nyritakake babagan lakon ketemune Sang Rama


karo Raja Kethek kang aran Sugriwa. Sang Rama biyantu Sugriwa kanggo
ngrebut kratone saka Subali, kakange Sugriwa. Ing peperangan, Subali
gugur. Banjur Sugriwa didadekake Raja ing Guwa Kiskindha. Sabanjure
Sang Rama karo Sugriwa dadi sekutu kanggo numpes Krajan Alengka.

e. Sundarakandha

Kitab Sundarakandha nyritakake lakon tentara Kiskindha sing lagi


mbangun wot (jembatan) Situbanda sing nggabungake antarane India
karo Alengka. Anoman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang
Alengka lan ngadhep Dewi Sinta. Ing kana, Anoman dirangket. Ananging
bisa lunga saka kunjara lan ngobong Krajan Alengka.

f. Yuddhakandha

Kitab Yuddhakandha nyritakake lakon paprangan laskar kethek duweke


Sang Rama karo pasukan raseksa Sang Rahwana. Critane diwiwiti nalika
pasukan Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Nagara Alengka.
Ananging, nalika iku uga Wibisana ditundhung karo Rahwana amerga
kakehan menehi pitedah. Ing paprangan, Rahwana dikalahake karo Rama
nganggo gaman panah sektine. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi
slamet bareng karo Dewi Sinta.

g. Uttarakandha

Kitab Uttarakandha nyritakake lakon Dewi Sinta amarga Sang Rama


krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora pracaya marang
kasucene Dewi Sinta. Banjur Dewi Sinta manggon neng pratapan Resi
Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang
krajane Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku
dheweke kabeh nembangake Ramayana sing dikaanggit dening Resi
Walmiki.

2. Paraga Crita Ramayana

Paraga kang ana ing crita Ramayana ing antarane yaiku.

a. Dewi Sinta
Dewi Sinta nduweni dasanama Dewi Janaki. Dewi Sinta iku putrane prabu
Janaka kang duweni kadigdayan ora bisa kobong. Watake Dewi Sinta yaiku
setya marang garwane, temen, prasaja, sabar, lan narima.

b. Ramawijaya

Ramawiyaya yaiku garwane Dewi Sinta kang nduwe jeneng liya Rama
Legawa. Piyambake mujudake ksatriya ing Pancawati kang duweni gaman
Panah Gunawijaya mula pinter manah. Ramawijaya nduweni watak bela
kautaman, mbelani tumindak kang becik, njejegake perkara kanthi adil,
ngayomi para brahmana lan para kawula

c. Anoman

Hanoman utawa Anoman yaiku ksatria kang awujud kethek putih, putrane
Batara Bayu lan Dewi Anjani. Dheweke nduweni kasakten kaya para dewa,
lan kang mbiyantu Raden Ramawijaya perang lawan Rahwana.
Dasanamane Anoman yaiku Anjani putra, Bayudara, Kapiwara, lan
Palwaga Seta.

Anoman ksatriya ing kendhalisasa kang nduwe kadigdayan mlakune kaya


angin, gampang mangerteni menawa ana pawongan kang butuhake,
kekuwatan tangan kang ngedap-edapi. Anoman nduweni gaman Aji
Sepiangin, Aji Pemenging. Lan Aju Mundri.

d. Jathayu

Jathayu kuwi raja peksi/manuk, mitrane Prabu Dasarata (ramane Raden


Rama). Dheweke kang dadi seksi Dewi Sinta diculik dening Rahwana.
Ananging. Jathayu seda ana ing tangane Rahwana.

e. Lesmana

Lesmana utawa Leksmana yaiku adhine Ramawijaya nunggal bapa beda


ibu. Lesmana putrane Prabu Dasarata lan Dewi Sumitra. Lesmana awatak
jujur, bekti marang sedherek sepuh, sarta mbelani bebener. Lesmana
nduweni aji-aji rajah kalacakra lan mantra kalacakra ra saha kaaniaya.

f. Indrajit

Indrajit yaiku putra barep Rahwana kang nduweni pusaka arane


Nagapasa. Pusaka sekti iku nate ngenani Rama nganti lumpuh. Indrajit
dadi panglima Perang Alengka, banjur mati ana ing tangane Lesmana.
Indrajit kang ksatriyane ana ing Bikukungpura nduweni dasanama
Megananda lan awatak sunongah sesongaran, kendel, lan santosa ing
tekad.

g. Rahwana
Rahwana nduwe dasanama Dasamuka, Wisrawaputra, Sukesiputra,
Dasawanda kang dadi ratu ing Alengka. Dasamuka nduweni gaman lan aji
aji Pedhang Mentawa lan Ajl Pancasona. Rahwana nduwe watak sumongah
sesongaran, wengis, kejem, lan licik.

h. Kumbakarna

Kumbakarna adhine Rahwana kang wujude raseksa. Kumbakarna nduwe


gaman Gedhong Menga, Pethak Gelak Sakethi. Dheweke nduweni jiwa
satriya kang mbelani tumindak kang bener. Kejaba kuwi, Kumbakama
nduwe watak gelem bela nagara lan jujur.

CERITA WAYANG RESI JATAYU

Resi Jathayu salah sawijining paraga wonten ing crita Ramayana. Resi
Jathayu punika peksi awujud garudha kang nggadhahi watak wicaksana.
Piyambakipun tansah emut dhumateng sang Hyang Agung, mila
nggadhahi jejuluk Resi. Resi Jathayu punika putra saking Resi Briswawa
kaliyan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri punika putri estri saking
Dewa Brahma.

Resi Jathayu gadhah sedherek tiga inggih punika Garudha Harna, Garudha
Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jathayu nalika taksih enem,
kekancan raket sanget kaliyan Raja Ayodya inggih punika Prabu Dasarata.
Prabu Dasarata punika ramanipun Prabu Rama

Nalika semanten Rama Wijaya, Raden Lesmana, tuwin Dewi Sinta


manggen wonten wana Dandaka. Prabu Dasamuka pirsa menawi Dewi
Sinta wonten wana Dandaka tajeng ngrekadaya supados saged ndhusta
Dewi Sinta Kanthi kasektenipun, abdinipun Kinasih nama Kala Marica
amalih rupa dados Kidang Kencana saperlu mbebeda Dewi Sinta Dewi
Sinta kasengsem kaliyan kaendahaning Kidang Kencana mila nyuwun
dhumateng garwanipun kapurih nyepeng Kidang wau. Pegal, apisah,
Rama lan Sinta, Kidang Kencana tanggap ing sasmita, hangendering
cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya lebih, denira
apepisahan kalawan garwa mayangari,

Rama Wijaya paring weling dhumateng rayinipun Raden Lesmana supados


njagi Dewi Sinta amargi badhe ngoyak Kidang Kencana ingkang lumebet
wana. Kidang kalepasi Jempaning dening Rama Wijaya lajeng njerit.
Swantenipun memba-memba swantenipun Rama Wijaya Dewi Sinta
kuwatos menawi ingkang garwa nampi cilaka lajeng utusan rayinipun
Raden Lesmana kapurith nututi suka pitulungan, Raden Lesmana kapeksa
nututi.
Prabu Dasamuka ingkang waunipun singidan wonten grumbuling wit-
witan, sasampunipun pirsa Dewi Sinta piyambakan lajeng kadhustha
mibering angkasa badhe kaboyong dhateng Ngalengka. Dewi Sinta jerit-
jerit nyuwun tulung kanthi nyebat asmanipun Rama Wijaya Swantenipun
Dewi Sinta nyuwun tulung kapireng dening Resi Jathayu Resi Jathayu
sasampunipun pinsa bilih ingkang nyuwun tulung putra mantunipun Prabu
Dasarata inggih kanca raketipun, tanpa tidha-tidha Resi Jathayu miber
angkasa badie ngrebat Dewi Sinta saking regemanipun Prabu Dasamuka.
Prabu Dasamuka boten kersa ngulurigaken wasana dados udreg-udregan
ingkang wusananipun ndadosaken perang. Resi Jathayu ngetog kasudiran
nyandher Prabu Dasamuka ngantos kebak tatu tan ngantos kawratan
ngadhepi krodhanipun Resi Jathayu. Prabu Dasamuka lajeng ngliga
pedhang kababataken dhateng swiwinipun Resi Jathayu lajeng tatas
sanalika. Rasi Jathayu dhawah njrebabah ndhepani bumi kanthi salira
kebak rah.

Rama Wijaya kaliyan Raden Lesmana nasak wana madosi Dewi Sinta.
Wonten ing madyaning wana pinanggih kaliyan Resi Jathayu ingkang
saweg sambat-sambat badhe nemahi ajal. Rama Wijaya tuwin Raden
Lesmana lajeng paring pitulungan dhumateng Resi Jathayu. Resi Jathayu
suka palapuran dhumateng Rama Wijaya bilih piyambakipun nemahi tatu
abot makaten amargi nembe tandhing tiyasa mengsah Prabu Dasamuka
saperlu badhe ngrebat Dewi Sinta ingkang kadhustha Prabu Dasamuka.
Sacekapipun matur makaten Resi Jathayu lajeng seda

Rama Wijaya sariget ing panarimahipun dhumateng Resi Jathayu ingkang


sampun ngurbanaken jiwa raganipun saperlu mbelani piyambakipun.
Minangka tandha pakurmatan, layonipun Resi Jathayu lajeng kabesmi
kanthi upacara miturut kapiladosanipun Rama Wijaya sampun nampi sisik
melik bilih ingkang ndhusta garwanipun merika Prabu Dasamuka ratu ing
Alengka. Rama Wijaya lajeng nerasaken lampah badhe ngrebat Dewi Sinta
saking regemanipun Prabu Dasamuka.

1. Unsur Intrinsik

Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra satemah


karya sastra iku bisa madeg Supaya bisa nyritakake unsur karya sastra
kang ana ing sawijining teks kudu bisa ngerteni maksud utawa tegese
kang kaamot ing sajeroning teks Unsur-unsur instrinsik karya sastra
kaperang dadi pitu, yaiku tema, tokoh, lan penokahan, plot (alur crita),
setting (pelataran), sudut pandang (point of view), lan piweling (amanat).

a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi
wutuh
b. Alur utawa plot yaiku lakune crita saka purwa-madya-wasana sing
nduwe sesambungan sabab-akibat. Alur kaperang dadi telu yaiku alur
maju, mundur, lan campuran.

c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude bisa
latar papan wektu, sosiyal, lan swasana.

d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita.

Wewatakane paraga bisa dimangerteni kanthi cara kaya mangkene.

1 ) Analitik yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha

2) Dramatik yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana.

Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone cita.
Watake paraga kaperang dadi telu yaiku kaya mangkene.

1) Antagonis yaiku paraga kang nduwe watak ala.


2) Protagonis yaiku paraga kang nduwe watak apik.
3) Tritagonis yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral

e. Amanat yaiku pesen utawa piweling sing diaturke panulis marang


pamaca

f. Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone
crita

g. Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis


sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.

2. Bab Wigati Nalika Maca

Supaya bisa mangerteni surasane wacan kang diwaca, nalika maca kudu
nggatekake bab-bab ing ngisor iki

a.Maca nganti rampung


b.Nyathet bab kang wigati.
c.Nggoleki ukara baku kang ana ing saben paragrap.
d.Sabanjure saka ukara baku ing saben paragrap banjur bisa
mangerteni surasane wacan.
3. Urut-Urutane Nggawe Sinopsis

Urut-urutane nggawe sinopsis, yaiku kaya ing ngisor iki.

a. Maca wacan asline luwih dhisik supaya mangerteni isi


jangkepe crita.
b. Nyathet ide pokok sing mligi.
c. Nulis ringkesan andhedhasar ide pokok sing wis dicathet ana
ing langkah keloro. Migunakake ukara kang padet, efektip, lan
narik kawigaten kanggo nyambung crita dadi karangan cekak
sing nggambarake karangan asline.
d. Pacelathon para paraga cukup ditulis utawa digoleki inti
pokoke bae.
e. Ringkesan utawa sinopsis novel ora oleh beda saka dalan crita
lan isi saka sakabehe crita kasebut.

PAUGERAN TEMBANG KINANTI

Tembang Kinanthi dumadi saka tembung kanthi kang tegese nuntun.


Tembang kinanthi nduwe teges manungsa mbutuhake tuntunan supaya
bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya kanthi bener. Tembang
kinanthi nduweni watak seneng, sedhih, tresna lan kangen. Tembang
yaiku susastra/sastra, utawa anggitan/karangan kang kaiket dening guru
lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Paugerane tembang yaiku kaya
mangkene.

a. Guru lagu/dhongdhing yaiku tibane swara vokal ing pungkasane


gatra.
b. Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra.
c. Guru gatra yaiku cacahe gatra saben sapada.
d. Pupuh yaiku tembang pirang-pirang pada kang isih sajinis.
e. Pada yaiku bait/koplet.
f. Wanda yaiku pakecapan/suku kata.

PADA GULANGEN ING KALBU ; ING SASMITA AMRIH LANTIP ; AJA


PIJER MANGAN NENDRA ; KAPRAWIRAN DEN KAESTHI ; PESUNEN
SARIRANIRA ; SUDANEN DHAHAR LAN GULING .

Paugeran tembang kinanti = guru gatra 6 ; guru wilangan 8,8,8,8,8,8 ;


guru lagu u,i,a,i,a,i

Tembang nduweni watak beda² dijlentrehna kaya mengkene :

1. Pocung

Seseneng ; Medar rasa sakepenake, ora tenanan ; Cara nyambung


paseduluran lan mangerteni isining wacan

2. Maskumambang

Susah, nelangsa, prihatin, kelara-lara ; Ngambarakae rasa sedih ; Cara


nyembah

3. Megatruh
Susah, sedih, keranta² ; mendharake rasa sedih, keranta², gela ; cara
ngawula raja

4. Gambuh

Lugas, blaka, tanpa ragu² ; medharake rasa paseduluran, lan tulusing ati ;
Wejangan nduwe watak adigang, adigung, adiguna

5. Kinanthi

Gembira, mesra ; paring pitutur uga medharake rasa trena asih ; bab cara
srawung utawa milih kanca

6. Mijil

Trenyuh, kepilut, gandrung ; medharake raos trenyuh kapiliut tresna asih


lan pitutur ; Bab cara pasrah lan sukur.

7. Durma

Nesu, sereng muntap ; sesorah kang sereng, perangan nalika tantangan ;


Carane nyrateni hawa napsu

8. Asmaradana

Sengsem, susah, prihatin amerga asmara ; medharake rasa susah lan


kasmaran ; Bab nindakake ajaran agama

9. Pangkur

Gagah, greget sereng ; kanggo paring pitutur ; bab tata krama,


mbedakake ala lan becik, sarta cara ndeleng wataking manungsa

10. Sinom

Seneng, gembira, mencutaken prasaja ; ngambarake swasana kang


sigrak, semanak ; dhasar²ing tingkah laku

11. Dhandanggula

Manis, luwes, sengsem; medharake swasana apa bae ; Bab cara milih
guru

KANDUTAN SERAT WULANGREH PUPUH KINANTI

Piwulang lan pitutur kang kaandhut ing serat Wulangreh antarane kaya
mangkene.

a. Bekti lair lan batin marang wong tuwa.


b. Aja gampang mongkog (puas) marang nasib kang ditampa. C. Takon
matang alim ulama bab agama lan Al Qur’an.
c. Takon marang sarjana utawa wong pinter ngenani subasita lan tata
basa.
d. Sregep maca kitab-kitab lawas kang isi tuladha lan crita-crita kang
becik.
e. Takon marang wong-wong tuwa bab cara bedakake tindak-tanduk
kang becik la nistha.

Kinanti

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan
nendra, ga kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar
lan guling. Padha kulinakna neng ati, supaya pikiranmu bisa landhep (bisa
nangkep tandha), aja mung mangan lan turu, kudu njaga tumindak
kaprigelan, latihen awakmu kanthi nyuda Anggonmu mangan lan turu.

Dadiya lakunireku, Cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan,


anganggoa sawatawis, ala wateke wong suka, suda prayitnaning batin.
Padha ditindakna, sudanen mangan lan turu, aja kakehan seneng-seneng,
gunakna saprelune wae amerga (wong kang kakehan seneng-seneng)
bisa ndadekake kurang waspada.

Yen wus tinitah wong agung. Aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan
wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah
anenulari. Yen kowe dititahake dadi wong gedhe (wong luhur), kowe aja
umuk, aja cedhak-cedhak karo wong kang tumindake ala, jalaran ora
wurung bakal nulari

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik. Utawa sugih.crita, crita kang
dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi. Sanadyan
ala laire (njabane).yen kelakuwane apik, utawa sing akeh crita, crita sing
bisa migunani, iku pantes dicedhaki, supaya mundhak budimu.

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang
ngadhep akeh bangsat,nora wurung bisa anjudi, yen kang ngadhep keh
durjana, nora wurung bisa maling. Yen uwong enom iku wis mesthi, manut
karo sing ngadhepi, yen sing dicedhaki/ diraketi iku durjana, mesti dadi
tukang main, yen sing ngadhiep ora bener, mesti dadi maling.

Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono


sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning
eblis. Sanajan ora melu-melu, mesthi weruh solahe/tumindake maling,
kabeh panggawe opo wae, panggawe ala iku, yen kulina diweruhi, banjur
klakon dadi muride iblis.

Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung
kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mumfangati
badaneki. Panggawe becik iku, gampang yen wis dilakoni, angel yen
durung dilakoni, aras-arasen nglakoni, padahal kuwi kudu dilakoni,
migunane marang awakmu iki.
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang
den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang,
kumenthus lawan kumaki. Para nom-noman ing jaman saiki, wis
ninggalake sopan santun lan tata krama, kosok baline padha ngumbar
sifat gumedhe lan kementhus uga

Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-
noman adoh wong becik, emoh angrungu crita, crita ala miwah becik.
Gumedhe, lan mentingake awake dhewe, iku dadi lambang wong kang
ala, kanoman kang adoh saka wong becik, sing ora gelem ngrungokake
piwulang sing ala lan becik.

Crita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora,
klebu jro cariteki, mulane aran crita, kabeh-kabeh den kawruhi. Crita kang
wis kedaden, lelakon ala lan becik, lelakon bener lan kleru, klebu ing crita
iki, mulane kasebut crita supaya sakabehe dimangerteni.

Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi. Jejagongan lan wong tuwa,
ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik. Mula
kanoman iku, becik nduweni sipat tliti, menawa guneman marang wong
tuwa, sing akeh celathu, celathune macem-macem, ana sing becik la
nana sing ala.

Ingkang becik kojahipun, sira anggowa kang pasthi, ingkang ala


singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa
puniki. Yen apik celathune, anggonen sing tumemen, sing ala dhelikna,
aja nganti nglakoni (tumindak ala), lan waspada marang wong kang
celathu, sing lair ing jaman iki.

Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung
badane priyangga, kang den pakolehaken ugi, panastene kang den
umbar, nora nganggo sawatawis. Akeh wong kang pinter celathu,
ananging ora ngerti asile, amung awake dhewe sing nampa, emosi sing
diendelake, lan ora ana sing ngedhem.

Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang
memadha, angrasa pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang. Tan pantes
den pareki. Aja ana wong kang wales celathune, wes ben awake dhewe,
aja nganti kepancing ngrasa luwih wasis, setan bakale nunjang, ora
pantes di cedhaki.

Tata-carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu ngerti


urut-urutane, yaiku kaya mangkene.

a. Temtokna lan tulisen babagan gagasan apa sing arep digawe


tembang.
b. Temtokna tembang apa sing arep kokgawe.
c. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
d. Gawea ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang
macapat.

Cangkriman Cangkriman yaiku unen-unen utawa ukara kang kudu


dibatang utawa dibedhek (dijawab). Cangkriman lumrahe kanggo
gegojegan. Wujude cangkriman ana 4, yaiku kaya mangkene.

1.Cangkriman kang wujude cekakan (wancahan).


2.Cangkriman sing wujude pepindhan.
3.Cangkriman sing wujude plesetan/blenderan.
4.Cangkriman sing kamot ing tembang. Jlentrehake kaya
katrangan ing ngisor iki.
1. Wujud cekakan (wancahan).
a. Tuwon rawan tegese untu krowok, larane ora karuwan
b. Segara beldhes tegese segane pera, sambel pedhes
c. Surles penen tegese kasure teles pepenen
d. Gowang pelot tegese jagone ana lawing, cempene mencolot
e. Jerman tegese jejer kauman
2. Wujud pepindhan (irib-iriban barang)
a. Sega sakepel dirubung tinggi batangane salak
b. Emboke dielus-elus, anake diidak-idak batangane andha
c. Pitik walik saba kebon batangane nanas
d. Pitik walik saba meja batangane sulak
e. Yen ibune siji, anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune
telu, ora nduwe anak
f. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mricą sak kanthong
3. Wujud blenderan/plesetan (diplesedake karepe ukara,
kanggo guyonan)
a. Ana kuthuk dikurung lan dipakani, bareng wis setaun kuthuke
ilang menyang Endi? (kuthuke wis dadi pitik)
b. Ana tulisan Arab, macane saka ngendi? (saka alas)
c. Gajah ngidak endhog ora pecah (sing ora pecah gajahe)
d. Lawa lima, kalong telu, dadi pira? (dadi wolu)
e. Tikus mati dilumpati kucing urip (sing urip kucinge)

CERITA LEGENDAklebu salah sijine crita rakyat/dongeng. Tembung


legenda asale saka basa Latin legere, ye yen ing basa Inggrise legend,
yaiku sawijining gancaran crita rakyat kang dening empune dianggep
kaya sawijining prastawa kang nyata. Legenda uga ana sing nyebutake
sawijining crita rakyat jaman biyen kang ana gayute karo sejarah
dumadine papan. Sejatine crita kang klebu legenda iki mujudake
campuran antarane fakta lan fiksi. Bisa uga legenda iku diarani crita kang
dirakit kaya-kaya mujudake prastawa sejarah, Umume, legenda iki
nyritakake asal mula papan panggonan kang isih bisa ditekani nganti ing
wektu saiki.

- Wujude Crita

A. Fiksi

Crita fiksi, yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa
diarani dongeng. Dongeng iku crita kang wis ana wiwit biyen. Sumbering
dongeng ora ana kang ngerti. Amarga, cara ngrembakakake kanthi turun-
tumurun saka simbah marang putu-putune, wong tuwa marang anak-
anakke. Dongeng iku crita kang ngemot piwulang lan pitutur kang becik
kanggo awake dhewe. Mula, ora ana salahe mangerteni dongeng-dongeng
kang dadi warisane leluhur. Piwulang lan pitutur kang becik bisa
ditindakake ana ing panguripan saben dinane.

~Wujude crita fiksi/dongeng yaiku kaya ing ngisor iki.~

1) Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa geguneman kaya manungsa.


Tuladha: Kancil karo Baya.

2) Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh utawa alam gaib.
Tuladha: Nyi Rara Kidul, Thuyul, Rara Jonggrang, lan sapanunggalane.

3) Legenda yaiku dongeng asal-usul dumadining panggonan utawa


barang. Tuladha: Dumadine Rawa Pening, Dumadine Gunung Tangkuban
Prahu, lan sapanunggalane.

B. Crita nonfiksi

Crita nonfksi, yaiku crita kang sanyatane. Wujude crita nonfiksi yaiku kaya
ing ngisor iki.

1) Hikayat yaiku crita bab lelakon paragane. Tuladha: Hikayat Hang Tuah.

2) Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane, nanging uga ditambahi crita
sing ngayawara. Tuladha: Babad Tanah Jawi.

3) Sujarah yaiku crita sing ana bukti nyatane. Tuladha: Sujarah Majapahit.

4) Roman yaiku crita awujud ganjaran kang isine nyeritakake tindak


tanduke paraga miturut wateke. Roman ana werna-werna, kayata: roman
adat, roman sosial, lan sapanunggalane.

# Crita Legenda

Legenda Iku kalebu crita rakyat lisan kang kaandharake kanthi cara
gethok tular tan ora dimangerteni pangriptane. Adhedhasar wujude, crita
iku kaperang dadi loro yaiku crita fiksi lan crita nonfiksi. Dene legenda iku
kalebu crita fiksi kang uga diarani dongeng Dongeng iku crita kang
ngemot piwulang lan pitutur kang becik kanggo awake dhewe. Mula, ora
ana salahe mangerteni dongeng-dongeng kang dadi warisane leluhur.
Piwulang lan pitutur kang becik bisa ditindakake ana ing panguripan
saben dinane. Kang diarani legenda yaiku crita utawa dongeng kang ana
gegayutane karo kedadeyan alam utawa dumadine sawijining papan.
Legenda iku mujudake karangan kang awujud gancaran.

a. Tetenger Legenda

1.) Anonim, ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit. 1

2) Kolektiif, dianggep nduweke rakyat bareng-bareng.

3) Statis, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen menyang
jaman saiki.

4) Imajiner, nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane. 5)


Ngemu tuladha, nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.

b. Jinising Legenda

1) Legenda keagamaan yaiku legenda kang ngandharake crita para


tokoh agama kayata Walisanga.

2) Legenda alam gaib kang awujud crita tahayul kanggo ngandharake


menawa alam gaib kuwi pancen ana.

3) Legenda pawongan yaiku legenda kang nyritakake wong-wong


tertamtu kang kaanggep nyata kedadeyane. Tuladha legenda Rara
Mendut.

4) Legenda sawijining papan yaiku mujudake legenda kang ana


gegayutane karo papan utawa topografi sawijining daerah.

Kagunan Crita Legenda

1).Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.

2) Didaktif yaiku dhidhik para pamaca nilai-nilai kebeneran lan kabecikan


kang ana ing sajroning crita.

3) Estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.

4) Moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang ndhuwur saengga para


pamaca bisa mangerteni moral kang becik lan ala.

5) Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake


tuladha kanggo para kang maca.

#Unsur-unsur Intrinsik

Crita legenda uga kawangun saka unsur intrinsik. (materi ngenani unsur
intrinsik wis kaandharake ing piwulangan sadurunge). Kang kalebu unsur
intrinsik yaiku tema, alur, paraga, latar/setting, amanat, lan sudut
pandang

Tembung Camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi


siji lan nduweni teges siji. Jenis-jenis tembung camboran, yaiku kaya
mengkene

1. Tembung Camboran Wutuh yaiku tembung kang dumadi saka


tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi
jumlah wandane/suku katane. Tetembungane isih wutuh.
Tuladhane = bala pecah, Bapak biyung, buntut urang, gilir kacang,
juru kunci, kacamata, kalamenjing, meja tulis, parang rusak, semar
mendem.
2. Tembung Camboran tugel sing dumadi saka tembung loro sing
dirangkep dadi siji kanthi ngurangi cacahing wanda. Tuladha:
bangjo: abang ijo , bulik: ibu cilik, dhegus: gedhe bagus, dhelik:
gedhe cilik, dubang: idu abang, kosik: mengko dhisik, lunglit:
balung kulit, pakdhe: bapak gedhe, pakpuh: bapak sepuh, perko:
emper toko, tingwe: nglinting dhewe
3. Tembung Camboran Tunggal yaiku tembung kang dumadi saka
tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine
wis ora kena dipisah-pisah maneh amarga wis nduweni teges anyar.
Tuladha: Balung kuwuk katrangane: balung iku perangane awak sing
atos; kuwuk tegese kucing alas ora ana sing nduweni. Balung kuwuk
yaiku jeneng criping tela pohung diiris tipis banjur digoreng nganti
kemripik. Nagasari aran panganan seka beras
4. Tembung Camboran Wudar yaiku tembung kang dumadi saka
tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine
mau isih nduwe teges dhewe- dhewe. Tuladha = Sega goreng, pasar
malam, buku tulis, Rumah Sakit, meja tulis, Wayang kulit, wayang
golek, piring beli,tahu goreng

Ngoko lugu minangka tataran basa kang paling asor ing undha-usuk
basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama
inggil tumrap wong kang diajak guneman. Titikane ngoko lugu yaiku
tembunge migunakake ngoko kabeh. Sing nggunakake basa ngoko
lugu yaiku = Kanca padha kanca sing wis raket, akrab, Wong tuwa
(bapak/ibu) menyang anak, Guru menyang murid-muride, Bendara (tuan)
marang rewang/abdine. Tuladha: Kanca-kanca, mengko padha mampir
ing omahku ya!

Ngoko alus yaiku basa kang tembung-tembunge ngoko, kacampuran


krama inggil nanging ater-ater (awalan) lan panambange (akhirane) tetep
ngoko. Sing nggunakake ngoko alus yaiku = Wong tuwa karo wong
tuwa kang wis kenal akrab, nanging kepengin ngurmati (ngajeni), Adhi
marang kangmas utawa mbakyune, Marang wong sing luwih nom nanging
kepengin ngajeni Tuladha: Panjenengan ora sida tindak menyang
Semarang,

Krama lugu yaiku basa kang tembunge krama kabeh. Sing nganggo
basa kramalugu yaiku = Wong kang durung raket banget, Wong kang
lagi tetepungan, Kanggo ntitakake awake dhewe, Priyayi marang sedulur
tuwa kang luwih cendhek drajate Tuladha: Sampeyan mangkih badhe
wangsul jam pinten?

Krama alus yaiku basa kang migunakake tembung krama kecampuran


krama inggil. Ater-ater lan panambange krama. Tuladha: Panjenengan
punapan badhe tindak dhateng Malang?

Ngudhar ukara yaiku ngandharake ukara manut kalungguhane, saka


jejer, wasesa, lesan utawa katrangan.

Jejer yaiku perangan pokok ing ukara, umume nganggo jinising tembung
aran (kata benda). Carane nggoleki jejer bisa kanthi pitakon apa utawa
sapa.

Wasesa yaiku perangane kang ngandharake jejer, lumrahe nganggo


jinising tembung kriya (kata kerja).

Lesan Lesan yaiku perangan ukara sing dituju dening jejer. Lumrahe
nganggo tembung aran (kata benda).

Katrangan yaiku perangan kang nerangake ukara Tuladha ngudhar ukara


yaiku kaya mangkene.

Mengko sore bapakku tindak menyang Semarang.

Mengko sore : katrangan (wektu)

Bapakku : jejer

Tindak : wasesa

Menyang Semarang : katrangan (papan)

Ibu nyirami kembang ing latar omah.

Ibu : jejer

Nyirami :wasesa

Kembang : lesan

Ing latar omah : katrangan


GAMBAR WAYANG

Anda mungkin juga menyukai