Menyang kontèn

PSS Sléman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
PSS Sléman
Jeneng dawaPersatuan Sepakbola Sléman
ParabanSuper Garudha Jawa
Yasa1976
SetadhiyonMaguwoharjo Stadium
Sléman, Indonésia
Momotan30,000[1]
BakuPT Putra Sleman Sembada
MantriIndhonésia Marco Paulo Garcia
MènèjerBrazil Danilo Fernando
PanglatihSèrbi Dejan Antonić
LigaLiga 1
2023-202413.
Kandhang
Njaban
Stadhion Maguwoharjo Kandhang PSS Sleman

Persatuan Bal-balan Sléman (biyasa dicekak dadi: PSS Sléman) ya iku tim bal-balan kang basisé ana ing Kutha Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonésia.[2] Tim kang diadegaké nalika tanggal 20 Mèi 1976 iki duwé jejuluk dadi tim Super Garudha Jawa utawa Super Elja.[2] Tim iki uga sok ingaran karo jejuluk liyané ya iku Laskar Sembada.[2] PSS Sléman main ana ing divisi paling dhuwur ing kompetisi bal-balan ing Indonésia, Liga Indonésia.[2] PSS Sléman duwé suporter kang mènèhi jeneng awake karo jeneng Slemania.[2] Dene wiwit taun 2011 muncul suporter maneh yoiku BCS (Brigata Curva Sud) kang eksis tekan saiki. Kompetisi taun 2006 PSS Sléman dadi tim paling ngisor ana ing kompetisi amarga ana kadadéan lindu.[2] Stadion utama kang dadi markas saka PSS Sléman ya iku stadion Maguwoharjo, lan nggunakaké Stadion Tridadi dadi panggonan kanggo latihan rutin.[2] Prestasi saka tim PSS Sléman nalika ana ing jaman perserikatan ya iku taun 1980 Peringkat nomer-2 Kompetisi Perserikatan Komda DIY, taun 1990/1991 Peringkat nomer 6 Divisi IIA Jateng DIY, taun 1993/1994 8 Besar Divisi II Nasional (Juara Divisi II DIY).[3] Prestasi PSS ana ing Liga Indonésia: taun 1994/1995 16 Besar Divisi II Nasional, taun 1995/1996 Promosi menyang Divisi I (Playoff 4 Kecil), taun 1996/1997 Sepuluh besar Divisi I (Peringkat kaping 3 Grup A), taun 1997/1998 Kompetisi distop, taun 1998/1999 Divisi I Peringkat nomer 4 Grup II, taun 1999/2000 Divisi I Peringkat nomer 2 (Promosi), taun 2001 Divisi Utama Peringkat nomer 10 Grup Wétan, taun 2002 Divisi Utama Peringkat nomer 7 Grup Wétan, taun 2003 Divisi Utama Peringkat nomer 4, taun 2004 Divisi Utama Peringkat nomer 4, taun 2005 Divisi Utama Peringkat nomer 7 Wewengkon I, taun 2006 Divisi Utama-PSS ora ngrampungeke kompetisi amarga kadadéan lindu yogyakarta, taun 2007/2008 Divisi Utama Peringkat nomer 13 Wewengkon I, taun 2008/2009 Divisi Utama Peringkat nomer 8 Wewengkon Wétan, taun 2009/2010 Divisi Utama Peringkat nomer 10 Grup 3.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "www.worldstadiums.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-28. Dibukak ing 2011-07-18.
  2. a b c d e f g Profil Klub di Liga Indonésia www.ligaindonesia.com
  3. a b "Situs Resmi psssleman.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-10-05. Dibukak ing 2011-07-18.