Menyang kontèn

Koin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Koin sepuluh sèn saka Switserlan saka taun 1879, persis karo koin-koin kang tuwa dhéwé kang isih digunakaké kanthi resmi tekan saiki

Koin iku barang kang cilik, tipis, lan bunder kagawé saka bahan atos kaya ta metal utawa plastik kanggu mligi minangka medium ijol-ijolan utawa tawar-tawaran kang sah. Koin-koin iku digawé baku ing aboté, lan diprodhuksi kanthi gunggung kang akèh ing panggonan jenengè arta yasa supaya bisa masilitasi dagang. Koin-koin iku asringé ditokaké déning sawiji pamaréntah.

Koin-koin lumrahé saka bahan metal utawa metal campuran, utawa kadang kala kagawé saka bahan gawéan manungsa. Koin iki racaké wujudé kaya piringan. Koin-koin kang dumadi bahan metal kang regané dhuwur disimpen ing gunggungé kang akèh minangka koin emas. Koin-koin liyané dinggo minangka dhuwit ing transaksi sadina-dina, muter ing sisihé dhuwit kertas. Lumrahé rega koin ing muteré dhuwit (i.e. tanpa nganggep koin emas) iku ora luwih larang tinimbang dhuwit kertas kang nilèné paling cendhèk. Satus taun kapungkur, ajiné dhuwit koin ing masarakat kadang kala uwis luwih cendhèk tinimbang ajiné metal ing jeroné, contoné amarga anané inflasi. Bedané dadi luwih signifikan, pihak kang ngetokaké dhuwit bisa mutusaké supaya narik koi-koin iku mau saka pamuteran, mungkin bisa ngetokaké barang kang ajiné padha kang bahan kanggo gawéné béda, yèn ora masarakat bisa mutusaké supaya nglèlèhaké koin iku utawa disimpen waé (dhelok ukum Gresham).