Menyang kontèn

Anatomi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barkas:ENC plate 1-143 750px.jpeg
Gambaran anatomis otot manungsa.

Anatomi (asalé saka basa Yunani ἀνατομία anatomia, saka ἀνατέμνειν anatemnein, tegesé ngiris) iku cabang biologi kang gegandhéngan karo struktur lan organisasi saka makluk urip. Ana uga anatomi kéwan utawa zootomi lan anatomi tetuwuhan utawa fitotomi. Sapérangan cabang èlmu anatomi yaiku anatomi perbandhingan, histologi, lan anatomi manungsa.

Anatomi kéwan

[besut | besut sumber]

Anatomi kéwan iku sinebut anatomi perbandhingan utawa morfologi kéwan. Manawa arep nyinaoni struktur manéka warna kéwan, lan sinebut anatomi mirunggan manawa mung nyinaoni sakjenis kéwan.

Anatomi manungsa

[besut | besut sumber]
Gambaran anatomi saka taun 1728

Saka kagunaané, pérangan paling wigati anatomi mirunggan iku nyinaoni manungsa kanthi manéka warna pendekatan kang béda.

Saka pérangan medis, anatomi kapérang saka manéka warna pengetauan bab wangun, papan panggonan, ukuran, lan gandhéngan manéka warna struktur saka badan manungsa séhat saéngga sok diarani anatomi deskriptif utawa topografis.

Karumitan badan manungsa njalari mung sithik ahli anatomi manungsa profésional kang bener-bener nguwasani babagan èlmu iki; sapérangan gedhé duwé spesialisasi ing pérangan tartemtu kaya utek utawa pérangan njero.

Anatomi topografi kudu disinaoni kanthi mbedhah lan mriksa makaping-kaping ing badan manungsa kang wus mati (kadaver).

Anatomi ora mung sakedhar èlmu biyasa, nanging kudu bener-bener duwé kaakuratan kang dhuwur amarga bisa dipigunaaké ing situasi kang darurat.

Patologi anatomi iku èlmu bab organ kang duwé kelainan lan ana ing kaanan lara. Èlmu iki diterapaké kanggo manéka warna tujuan kaya bedhah lan ginekologi.

Anatomi modhérn

[besut | besut sumber]

Saiki anatomi dikenal dadi èlmu kang kasusun sistematis. Pendhak pérangan anatomis (kaya saraf, arteri, lan liyané) diklumpukaké miturut sistem organé. Tujuanné yaiku kanggo nggampangaké pamahaman pérangan mau ing èlmu liyané kaya fisiologi, bedhah, lan patologi.

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Anatomi
Sistem Utama
Sistem sirkulasi . Sistem pancernan . Sistem endokrin . Sistem pambuwangan . Sistem imun . Sistem integumen . Sistem limfatik . Sistem otot
Sistem saraf . Sistem reproduksi . Sistem ambegan . Sistem rangka
Organ
Anus . Diafragma . Faring . Ginjel . Ati . Irung . Jantung . Kelenjar adrenal . Kelenjar prostat . Kelenjar tiroid . Kulit . Lambung . Laring . Ilat . Limpa . Mata . Otot . Ovarium . Pankreas . Paru-paru . Payudara . Penis . Plasenta . Rahim . Rektum . Kuping . Testis . Umbai cacing . Usus gedhé . Usus alus . Vulva . Vesikula seminalis
Balung
Balung selangka (clavicula) . Balung pupu (femur) . Balung lengen ndhuwur (humerus) . Balung uwang (mandibula) . Balung dhengkul (patella) . Balung pengumpil (radius) . Tengkorak (cranium) . Balung gares (tibia) . Balung lengen (ulna) . Iga (costae) . Balung geger (vertebra) . Balung pinggul (pelvis) . Balung dhadha (sternum)
Kelenjar
Kelenjar payudara . Kelenjar idu . Kelenjar tiroid . Kelenjar paratiroid . Kelenjar adrenal . Kelenjar pituitari . Kelenjar pineal
Jaringan
Jaringan panyambung . Jaringan otot . Jaringan epitel . Jaringan saraf . Kelenjar
Bagéyan Awak
Badan . Bokong . Dhadha . Untu . Kemaluan . Sirah . Kulit . Gulu . Ilat . Mata . Tutuk . Geger . Sendhi . Kuping . Tungkai atas . Tungkai bawah . Ubun-ubun . Rai
Istilah liyané
Arteri . Lambé . Diafragma . Peritoneum . Rambut . Saraf . Vena