Menyang kontèn

Tawon undhuhan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 22 Agustus 2013 08.17 déning Addbot (parembugan | pasumbang) (Bot: Migrating interwiki links, now provided by Wikidata on d:q102857)
Tawon madu
Kalamangsa: Oligocene–Recent
Tawon madu nyesep kembang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Ordho: Hymenoptera
Famili: Apidae
Subfamili: Apinae
Tribe: Apini
Latreille, 1802
Génus: Apis
Linnaeus, 1758
Species
  • Subgenus Micrapis:
  • Subgenus Megapis:
  • Subgenus Apis:

Tawon undhuhan utawa tawon madu yaiku jinis tawon kang bisa ngasilake madu, yaiku kluwarga tawon saka genus Apis. Hasil utama kang dimanpangatake dening manungsa saka kewan iki yaiku madu, polen, royal jelly lan lilin malam kanggo mbathik saka talane. Saka udakara 20.000 spesies tawon, mung jinis tawon saka genus Apis iki kang bisa ngasilake madu sejati kang cacahe ana udakara 7 spesies.

Tawon undhuhan urip nggrombol ana susuhe kang wujud lembaran-lembaran tala, kang nduweni bolongan-bolongan cilik segi-enem papan nyimpen larvane, polen lan madu.

Tawon madu ing sakjeroning glodhogan

Budhidaya

Tawon undhuhan wis maewu taun sengaja diingu dening manungsa amarga ngasilake madu, kang munpangan kanggo pangan lan tamba lelara. Mula-mulane omah tawon digawe wujud gronggongan saka lemah, kayu, watu utawa nam-naman. Ing Jawa uga dibudidayakake nganggo sigaran glugu kang dikrowak aran glodhogan. Kanthi cara tradhisional iki tawon disediani papan gawe tala, nanging mung wujud sedia papan durung ono pangaturan kang trep.

Banjur ana wong kang nduweni kawruh pambudidaya tawon undhuhan kayata nganggo Metode Langstroth (?)