Menyang kontèn

Kucing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 10 Mèi 2017 19.47 déning Sjö (parembugan | pasumbang) (Mbalèkaké owahan 1124714 déning 185.38.2.4 (rembugan) crosswiki vandalism)
Kucing
Klasifikasi Ilmiah
Karajan:Animalia (Kéwan)
Filum:Chordata
Kelas:Mamalia
Ordo:Karnivora
Famili:Felidae
Genus:Felis
Spesies:silvestris utawa domesticus
Subspesies:catus (kucing)
Jeneng Jinis
Felis silvestris catus

Kucing, Felis silvestris catus, iku kéwan karnivora cilik saka kulawarga Felidae sing wis dijinakaké èwonan taun. Tembung “kucing” biasane ngrujuk “kucing” sing dijinakake. Nanging sok-sokan uga bisa ngrujuk “kucing gedhe” kaya ta singa, macan, puma lan sapanunggalané.

Karakteristik

Kucing biasané aboté 5 – 7 kg, sok-sokan luwih saka 9 kg (20 pounds). Yen diopèni kucing umuré bisa nganti 10 – 15 taun. Kucing sing paling tuwa sing dingertèi umuré 34 taun. Ning kucing sing gawéné saba ing jaba umuré mung 3,5 taun waé. Selain iku, kucing yo isok stress nek sering pindah-pindah panggon utowo kandang, nek wes kadung stress isok di gowo nang klinik hewan utowo diramut dewe.

Pakan kucing

Kucing biasané mbedhog tikus lan manuk. Ananging kucing yèn dipakani déning wong ya doyan.

Anak kucing diarani cemèng.

Video

Galeri

Delengen uga