LKPD CERKAK Bagian 2
LKPD CERKAK Bagian 2
LKPD CERKAK Bagian 2
(LKPD)
Pembelajaran ke : 2
Nama : ………………………………………………………………………
Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thenger saben ndina
merga ora nduweni paitan kanggo dodol terompet.Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge
ora sepira. Isih cupet . Kudu dimangerteni yen gawe terompet mbutuhake paitan maneka warna.
Saka dluwang werna-werna rupane, kerdhus tumeka lim.
Dluwang wis cemepak sak jogan ruwang tamu. Tumpekan dluwang sing mengkilap ulese
maneka warna turahan setahun kepungkur isih isa digunakake. Lem saka pathi kanji ya wis
cemepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe.
“Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon rikuh. Minangka
wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya Mugiman.
“Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak Kepala Sekolah,”
kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora, bapake perlu negesake.
“Kok apik temen kepala sekolahmu Mug?”
“Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak. Sak liyane kuwi uga dadi juara karate
nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane ethes kaya-kaya wis disiapake. Lik Min kaget.
“Kapan kerdhus-kerdhus mau isa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kaggo tenan ta?” bathuke
bapake isih pating mengkerut.
“Tenan Pak, bapak kepala sekolah nawani kaya mangkono merga pirtsa yen awake
dhewe bakulan terompet,”
Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthal tumuju sekolah.
Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei bapak kepala sekolah piket. Dadi Mugiman ora
kecelik.
Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoni Mugiman. Eseme
sing nentremake ati diumbar.
“Sida golek kerdhus Mug?”
“Saestu Pak, saestu,”
“Lha endi wadhahmu?”
“Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?” semaure sak kecekele.
Pak Kepala sekolah gedheg-gedheg.
“Ah, mesaake sirahmu. Yen kentepan kerdhus malah kelong pintere lho,” guyone kepala
sekolah. Mugiman mlengeh.
“Luwih becik bapakmu diaturi rene. …Gudhang ya ana gerobak cilik, isa mbok
gunakake,”
“Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk kawigaten kang omber
rumangsa kudu sumringah atine.
Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepala sekolah.
Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akeh temen kerdhus sing
sing diparingake.
“Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?” pitakone lik Min
lugu.Pak Mus, kepala sekolah mung gemujeng.
“Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng saget maringi
hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.,” Pak Mus ngajak guyon. Lik
Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki yen diregani dhuwit isa kepetung luwih seketan
ewu. Petengan jumlah sing isa ngurangi rekasane bapake.
Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-lorone pamitan
mulih.Mesthi wae ora lali ngaturake matur nuwun marang kepala sekolahe.
“Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?”
“Iya ta Pak, rencanae semester ngarep aku bakal entuk beasiswa.”
“Saka sekolahan?”
“Saka pamarintah Pak.”
“Wah, wujude dhuwit ya Mug?” bapake ngoyak takon.
“Iya Pak, mosok beling?” ceblang-ceblung olehe mangsuli.
***
Kocapa bareng kerdhus mau diusung ngango gerobag menyang ngomah, dumadakan
dadi sak gunung. Omahe nganti kebak. Mbludag menyang emper. Mesthi wae dadi repot mbok
menawa ana tamu. Kahanan kaya mangkono mau ndadekake sesawangan sing ora kepenak
menyang mripat. Bejane Yu Yah sing tukang dodol barang rongsokan rumangsa kudu melu
cawe-cawe. Dheweke saguh nukoni kerdhus-kerdhus mau.
“Tinimbang ngebaki omah reged to Mug, piye yen tak tuku kerdhus-
kerdhusmu? Bapakmu endi?” Yu Yah lungguh dlosoran saking kesele.
“Iki kerdhusku Lik, ora sah taren karo bapak. Bapak menyang kutha dodol tetompet,”
semaure emtheng.
“Sekilone pira? Apa diborong kabeh sisan Lik?”
“Ya, ngono wae timbang repot-repot,”
“Arep mbok tuku pira Lik?” minggrang-minggring olehe taren.
“Seket ewu piye?”
“Tambahi sithik ta Lik, iki arep tak enggo paitan dodol dluwang rongsokan. Aku arep
dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..”
“Wah, saingan karo aku yo Le?”
“Ya ora to Lik, mengko tak setorke Sampeyan,”
Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman iki petungan
sing lumayan. Pikirane banjur mlethik. Yen kerdhus payu, mesthi dkuwang-dluwang duweke
kanca-kancane sing ora kanggo uga payu.
Mula sakploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sak kelas mbaka
siji. Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omah lan dadi susuh
tikus. Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae. Kerdhus, plastik, wes kasil digawa
mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan awake kesel.
Malah kadhangkala Mugiman mesem dhewe nalika nyawang barang-barang rongsokan
mau. Sanadyan wis akeh sing nglirik, Mugiman durung lila ngeculake. Ati cilike mongkog
minangka rumangsa dadi juragan.
Telung dina bacute bapake kaget. Ngomahe kebak maneka warna barang-barang sing wis
ora kanggo.
“Lho, kok kowe dadi juragan Mug? Entukmu modhal ngendi?”
“Tanpa modhal Pak, tugase bapak sak iki nampa lan nukoni wong-wong kang adol
dluwang, kerdhus , plastik lan wesi. Iki daftare rega saben kilone Pak..Yen wis nglumpuk arep
diparani sing kawogan..,”
“Lha kok nduwe dhuwit saka ngendi Mug?”
“Saka koperasi sekolah Pak, disilihi Pak Kepala sekolah,”
Bapak lan anak rangkulan. Trenyuh. Sapa ngerti yen iki pancen dalan kanggo paitan urip
sing luwih mbejaji. Tinimbang dadi buruh tani. Tinimbang mung njagakake dodol terompet
setahun pisan. Tinimbang mulih sekolah mung ngantuk klakepan.
Sakwise maca teks ing dhuwur, banjur tintingana unsur intrinsik lan ekstrinsik kanthi
ngisi tabel kang sumadya ing ngisor iki !