0% found this document useful (0 votes)
25 views3 pages

Tugas Khutbah Jum'at

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1/ 3

KHUTBAH JUMAT

‫ َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيدنا ُمَحَّم ًدا‬، ‫ َأْش َهُد َأْن اَل ِإَلَه ِإَّال ُهللا َو ْح َد ُه اَل َش ِرْيَك َلُه‬.‫َاْلَح ْم ُد ِهّٰلِل اَّلِذ ْي َأَم َر َنا ِبَتْر ك اْلَم َناِهْي َوِفْع ِل الَّطاَعاِت‬
‫ّٰل‬
‫ َال ُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَح َّمٍد َو َع َلى ٰا ِلِه َو َأْص َح اِبِه اْلَهاِد ْيَن ِللَّص َو اِب‬. ‫َع ْبُد ُه َو َرُسْو ُلُه الَّد اِع ي ِبَقْو ِلِه َوِفْع ِلِه ِإَلى الَّرَشاِد‬
‫َو َع َلى الَّتاِبِع ْيَن َلُهْم ِبِإْح َس اٍن ِإَلى َيْو ِم اْلَم آِب‬

‫ ٰٓيَاُّيَها‬: ‫ ِاَّتُقْو ا َهللا َح َّق ُتَقاِته َو اَل َتُم ْو ُتَّن ِإَّال َو َأْنـُتْم ُم ْس ِلُم ْو َن َفَقْد َقاَل ُهللا َتَع الَى ِفي ِكَتاِبِه اْلَك ِرْيِم‬، ‫ َفَيا َاُّيَها اْلُم ْس ِلُم ْو َن‬،‫َأَّم ا َبْعُد‬
‫اَّلِذ ْيَن ٰا َم ُنْٓو ا ِاْن َتَّتُقوا َهّٰللا َيْج َع ْل َّلُك ْم ُفْر َقاًنا َّوُيَك ِّفْر َع ْنُك ْم َس ِّيٰا ِتُك ْم َو َيْغ ِفْر َلُك ْۗم َو ُهّٰللا ُذ و اْلَفْض ِل اْلَعِظ ْيِم‬

Alhamdulillah sedaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala, Dzat ingkang gadhah
sifat Maha Welas Asih marang sedaya makhlukipun. Ingkang maringi rahmat lan
kenikmatan, rina lan wengi tanpa pitungan.

Kanthi sedaya nikmat lan peparing Allah ta’ala punika, mangga kita ginaake kagem
perkawis ingkang sahe. Nglampahi sedaya perintah Allah saha nebihi awisanipun. Kanthi
tumindhak mekaten, mugi-mugi kita dados tiyang ingkang takwa dhateng Allah ta’ala.
Bilih salah sijine saking ganjarane tiyang ingkang takwa punika bakal pinaringan rizki
saking Allah ta’ala.

‫ َّوَيْر ُز ْقُه ِم ْن َح ْيُث اَل َيْح َتِس ُۗب‬، ۙ‫ْن َّيَّت َهّٰللا َيْج َع ْل َّلٗه ْخ َر ًجا‬
‫َم‬ ‫َوَم ِق‬

Artosipun, “Sapa wonge kang takwa dhateng Allah, yekti Allah bakal mbukakake dalan,
lan maringi rizki saking dalan sing ora iso dikira-kira.” (QS ath Thalaq:2-3).

Predikat takwa punika, ugi sampun kita ikhtiarake nalika ing Wulan Ramadhan, kelawan
nindhaake ibadah pasa saha amalan sanese, lan kedah kita jaga ana ing sakbibare Wulan
Ramadhan.

Jamaah salat Jumat rahimakumullah

Wonten salah setunggal hadits, ingkang pas kita trapaken sakbibare Wulan Ramadhan,
hubunganipun kalian wasiat supaya jaga takwa ugi srawung marang sapadha kanthi
tumindhak (akhlak) kang becik
: ‫َع ْن َأِبْي َذ ٍّر ُج ْنُد ِب بِن ُجَناَد َة َو َأِبي َع ْبِد الَّرْح َمِن ُمَع اِذ ِبِن َج َبٍل َرِض َي ُهللا َع ْنُهَم ا َع ْن َر ُسوِل ِهللا صلى هللا عليه وسلم َقاَل‬
‫ َر َو اُه الِّتْر ِمِذ ّي‬. ‫ َو َخ اِلِق الَّناَس ِبُخ ُلٍق َح َس ٍن‬،‫ َو َأْتِبِع الَّسِّيَئَة الَحَس َنَة َتْم ُح َها‬، ‫اَّتِق َهللا َح ْيُثَم ا ُكْنَت‬

Artosipun, “Saking Abu Dzar Jundub bin Junadah saha Abu Abdirrahman Mu’adz bin
Jabal radhiyallahu anhuma, saking Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam, piyambakipun
ngendhika: Takwao marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi
tumindak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga
marang sapadha padha titah kanthi tumindak (akhlak) kang becik.” (HR At-Tirmidzi)
Jamaah salat Jumat rahimakumullah

Keterangan saking hadits punika, ingkang kapisan Kanjeng Nabi paring dhawuh supaya
kita tansah jaga takwa dhumateng Allah ta’ala ana ing ndi panggenan. Sahe ana ing
panggonan rame utawa sepi. Ana ing kutha utawa desa.

Menawi saget dipuntambahi ugi ana ing kahanan apa wae. Nalika seneng utawa susah.
Nalika sugih utawa mlarat. Lan nalika Ramadhan utawa wulan sanese. Kaping kalih,
Kanjeng Nabi paring dhawuh, menawi kita bacut tumindhak luput, supaya barengi
kaluputane kanthi tumindhak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi
kaluputanmu. Kita, menungsa inggih punika tiyang ingkang mesti katah kaluputan lan
dosa.

Pramila, supados Gusti Allah, paring ngapura sedaya kaluputan punika, mangga kita
tansah kathah maos istighfar, nyuwun pangapura dhateng Allah, saha nyarengi kanthi
tumindhak ingkang becik. Lan menawi kita gadahi kaluputan dhateng sapadha, wajib kita
nyuwun ngapura dhateng tiyange.

Ugi menawi wonten perkawis ingkang kaitanipun kalian utang-piutang kedah kita bayar.
Ingkang kaping tiga, dhawuhe Kanjeng Nabi wonten ing hadist punika, supaya kita ing
dalem srawung marang sapadha padha, kanthi tumindak (akhlak) kang becik.

Jamaah salat Jumat rahimakumullah Kanthi tumindhak tiga perkawis wonten ing hadist
punika, khususipun ing dalem jaga hubungan kita dhateng Allah saha marang sapadha
sampun sahe, insyaallah kita bakal pikantuk urip ingkang ayem lan nikmat. Mugi-mugi
kita sedaya kalebet dhateng tiyang ingkang kados mekaten. Amin allahumma amin.

‫ َأْش َهُد َأْن اَّل إلَه ِإاَّل ُهللا َو ْح َد ُه‬.‫ َو َع َلى آِلِه َو َأْص َح اِبِه َأْهِل اْلَو َفا‬،‫ َو ُأَص ِّلْي َو ُأَس ِّلُم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَح َّمٍد اْلُم ْص َطَفى‬،‫َاْلَح ْم ُد ِهلل َو َكَفى‬
‫ ُأْو ِص ْيُك ْم َو َنْفِس ْي ِبَتْقَو ى ِهللا اْلَعِلِّي اْلَعِظ ْيِم‬، ‫ َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيَدَنا ُمَحَّم ًدا َع ْبُد ُه َو َرُسْو ُلُه َأَّم ا َبْعُد َفَيا َأُّيَها اْلُم ْس ِلُم ْو َن‬،‫اَل َش ِرْيَك َلُه‬
، ‫ ِإَّن َهللا َوَم اَل ِئَك َتُه ُيَص ُّلوَن َع َلى الَّنِبِّي‬: ‫ َأَم َر ُك ْم ِبالَّص اَل ِة َو الَّس اَل ِم َع َلى َنِبِّيِه اْلَك ِرْيِم َفَقاَل‬، ‫َو اْعَلُم ْو ا َأَّن َهللا َأَم َر ُك ْم ِبَأْم ٍر َع ِظ ْيٍم‬
‫ َالّٰل ُهَّم َص ِّل َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َك َم ا َص َّلْيَت َع َلى َس ِّيِد َنا‬،‫َيا َأُّيَها اَّلِذ يَن آَم ُنوا َص ُّلوا َع َلْيِه َو َس ِّلُم وا َتْس ِليًم ا‬
‫ِإْبَر اِهْيَم َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َباِرْك َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ُمَح َّمٍد َك َم ا َباَر ْك َت َع َلى َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َع َلى آِل‬
‫ّٰل‬
‫ َال ُهَّم اْغ ِفْر ِلْلُم ْس ِلِم ْيَن َو اْلُم ْس ِلَم اِت واْلُم ْؤ ِمِنْيَن َو اْلُم ْؤ ِم َناِت اَأْلْح َياِء ِم ْنُهْم‬. ‫ ِفْي اْلَع اَلِم ْيَن ِإَّنَك َحِم ْيٌد َمِج ْيٌد‬، ‫َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم‬

2
‫َو اَأْلْم َو اِت‪ ،‬اللهم اْدَفْع َع َّنا اْلَباَل َء َو اْلَغاَل َء َو اْلَو َباَء َو اْلَفْح َشاَء َو اْلُم ْنَك َر َو اْلَبْغ َي َو الُّسُيْو َف اْلُم ْخ َتِلَفَة َو الَّش َداِئَد َو اْلِمَح َن ‪َ ،‬م ا‬
‫َظَهَر ِم ْنَها َوَم ا َبَطَن ‪ِ ،‬م ْن َبَلِد َنا َهَذ ا َخاَّص ًة َوِم ْن ُبْلَداِن اْلُم ْس ِلِم ْيَن َعاَّم ًة‪ِ ،‬إَّنَك َع َلى ُك ِّل َش ْي ٍء َقِد ْيٌر ِع َباَد ِهللا‪ ،‬إَّن َهللا َيْأُم ُر‬
‫ِباْلَع ْد ِل َو اإْل ْح َس اِن َوِإْيَتاِء ِذ ي اْلُقْر َبى وَيْنَهى َع ِن الَفْح َشاِء َو اْلُم ْنَك ِر َو الَبْغ ِي ‪َ ،‬يِع ُظُك ْم َلَع َّلُك ْم َتَذَّك ُرْو َن ‪َ .‬فاذُك ُروا َهللا اْلَعِظ ْيَم‬
‫َيْذ ُك ْر ُك ْم َو َلِذ ْك ُر ِهللا َأْك َبُر‬

‫‪3‬‬

You might also like