Menyang kontèn

Tumpeng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sego Tumpeng
Tumpeng untuk selamatan
Sega Tumpeng

Tumpeng iku cara nyuguhaké sega lan lawuh sajeroning wangun bucu; amarga saka iku banjur diarani sega tumpeng.[1] Olahan sega kang dianggo lumrahé wujud sega kuning, sanadyan kerep uga digunakaké sega putih biyasa utawa sega uduk.[2] Cara nyuguhaké sega iki mligi Jawa utawa masarakat Betawi katurunan Jawa lan racaké disuguhaké wektu kenduri utawa prayaan mèngeti kadadéan wigati.[2] Sanajan mangkono, masarakat Indonésia wis ngenal kagiyatan iki kanthi umum.[2]

Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet.[2] Tumpeng dhapuré kerucut.[2] Wujud kerucut duwé filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan martabat.[2]

Tumpeng tau didhaku dadi duwèkké Malaysia.[2] Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku kupat, cendol, lan rendang.[2] Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sipatipun seneng utawa suka uga sedhih.[2] Ing acara ritual, tumpeng lumrahé dihias karo sayuran lan iwak kang duwé teges kang sakral lan duwé pralambang lan pangarep-arep.[2]

Tumpeng dhapuré kerucut lan ditata ing wadhah utawa tampah kang diléméki godhong gedhang.[2] Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur.[2]

Jaman biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur diwernani.[2] Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara mirunggan.[2] Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masarakat Jawa, uga ana tumpeng putih.[2] Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi warna liyané, kaya ta tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari wortel).[2]

Cara nggawe

[besut | besut sumber]

Sega tumpeng lumrahé dadi hidangan istiméwa ing acara-acara wigati.[1] Carané gawé tumpeng kang énak yaiku.[1]

  1. Campur 200 gram beras ketan putih ing 1 kg beras supaya sega tumpeng bisa pulen lan gampang kacithak.[1]
  2. Rendhem campuran beras, suwéné 8-10 jam supaya rikat mateng lan hasilé apik, banjur kukus nganti mateng, suwéné kurang luwih 1/2 jam.[1]
  3. Beras kang wis dikukus banjur dilebokaké ing santen kang wis umum, banjur diwénéhi godhong salam utawa godhong pandan lan uyah, mangsak nganti santene asat.[1] Supaya sega tumpeng bisa katon kuning, campura 1 séndhok makan banyu jeruk nipis saben 1.500 ml santen.[1]
  4. Santen dimangsak dhisik supaya sega tumpeng ora gampang mambu.[1]
  5. Supaya tumpeng bisa alus, sawisé beras mateng, aja diudheg-udheg manèh, diadhemké ing panci tutupan suwéné 15 menit, banjur kukus nganti garing lan mateng.[1]
  6. Hiyasan kanggo tumpeng bisa nganggo garnish saka wortel, péterséli, bengkuang, cabai merah, tomat, atau sayuran.[1]
  7. Tumpeng biyasa disuguhaké ing sadhuwuring tampah (wadhah tradhisional) lan ditataki godhong gedhang.[1]

Filosofi

[besut | besut sumber]

Tumpeng yaiku sega kang dhapuré kerucut kanthi warna-warna lauk pauk.[3] Tumpeng dihidangaké ing tampah kang wujud nampan gedhé, bunder, saka anyaman pring.[3] Tumpeng lumrahé dianggo ing upacara tradhisional.[3] Tumpeng ing ritual Jawa ana warna-warna jinisé. Ana tumpeng sangga langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong.[3] Tumpeng kebak ing simbol kang nggambaraké makna kauripan.[3] Tumpeng robyong asring dianggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran).[3] Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan.[3] Tumpeng kang wujudé kaya Gunung nggambaraké kamakmuran kang langgeng.[3] Banyu kang mili saka gunung bakal nguripi tuwuhan-tuwuhan.[3] Tuwuhan kang dhapuré ribyong diarani semi utawa semen kang tegesé uri lan thukul ngrembaka.[3]

Tumpeng

Sajarah

[besut | besut sumber]

Wujud tumpeng kaya wujud gunung. Indonésia kalebu nagara kapuloankang duwé akèh gunung merapi.[4] Nenek moyang warga Indonésia duwé persépsi tumrap gunung.[4] Gunung dianggep papan panggonan kang luhur.[4] Sega tumpeng utawa tumpengan duwé teges simbol gunung Mahameru.[4]

Tum­peng iki da­di tra­dhi­si su­guh­an kang di­gu­na­ka­ke jro­ning upa­ca­ra kang asi­pat ka­se­dhih­an ut­awa gum­bi­ra.[5]

Sa­we­ta­ra sum­ber nye­bu­ta­ké ma­na­wa ja­man bi­yèn tum­peng mes­thi di­su­gu­ha­kè sa­ka se­ga pu­tih.[5] Se­ga pu­tih lan la­wuh jro­ning tum­peng iku duwé mak­na, yai­ku se­ga pu­tih kang awujud gu­nung­an utawa ke­ru­cut iku nglam­ba­nga­ké ta­ngan kang nyem­bah mring Gusti Pa­nge­ran.[5] Se­ga pu­tih uga nglam­bang­ké sa­mu­ba­rang ka­lir kang di­pa­ngan, da­di ge­tih lan da­ging ku­du di­pi­lih sa­ka sum­ber kang re­sik lan ha­lal.[5] Wu­jud gu­nung­an iku uga bi­sa di­te­ge­si mi­ana ing­ka pa­nga­jab su­pa­ya ka­ra­har­ja­ning urip ma­nung­sa san­sa­ya mung­gah lan dhu­wur.[5]

Kus­ta­wa Esye, Pang­ar­sa Ko­mu­ni­tas Kiai Da­mar Se­su­luh, mra­te­la­ka­ké tum­peng ut­awa in­thuk-in­thuk iku ngan­dhut pi­wu­lang lu­hur, yaiku pa­nga­ja­be ma­nung­sa ma­rang ku­was­aning Pa­ngéran.[5] Jro­ning uri­pe ma­nung­sa ing do­nyaiku ana tra­pe, ka­ya kang ka­gam­bar ing tum­peng.[5]

Sa­na­jan wu­ju­dé ke­ru­cut, sa­ja­né tum­peng iku ka­pa­ra da­di te­lung trap.[5] Ngi­sor dhe­we, te­ngah lan pu­cu­kan ut­awa dhu­wur dhe­we.[5] Ka­beh ngan­dhut pi­wu­lang. Pe­rang­an pa­ling ngi­sor dhe­we kang di­pa­sa­ngi gu­dha­ngan lan ja­jan­an iku da­di ge­gam­ba­ra­ning do­nya­né ma­nung­sa.[5] De­ne trap ka­lo­ro utawa te­ngah iku da­di sa­ra­na me­ne­ping ra­sa ma­nung­sa kang­go nu­ju ka­sam­purn­an.[5] De­ne pu­cuk dhe­we da­di sim­bul pa­nga­ja­bé ma­nung­sa mring Gus­ti kang­go ngga­yuh ka­ba­ha­gyan ha­ki­ki. Yai­ku kang di­ara­ni il­mu sang­kan pa­ra­ning du­ma­di ana ing pu­cukan tum­peng ku­wi.[5] Mu­la ing pu­cu­kan di­tan­ce­pi lom­bok abang nga­cung je­jeg.[5] Iku kang­go pe­pe­ling su­pa­ya ma­nung­sa ku­du tan­sah eling ma­rang Kang Ma­ha Tung­gal, yai­ku Pa­ngéran.[5]

Ja­man bi­yèn, se­se­puh kang mim­pin do­nga sla­me­tan lum­ra­he ba­kal ngu­dhar dhi­sik mak­na kang ka­kan­dhut jro­ning su­guh­an tum­peng.[5] Kan­thi ca­ra kang mang­ko­no iku wong kang mèlu sla­me­tan ba­kal ma­nger­teni mak­na tum­peng lan an­tuk we­dha­ran kang aru­pa pi­wu­lang urip sar­ta pe­pe­ling.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k [1] Archived 2011-07-10 at Archive.is(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p [2](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  3. a b c d e f g h i j [3] Archived 2010-05-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  4. a b c d [4] Archived 2010-07-15 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p [5][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]