Menyang kontèn

Indhonésia: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
SieBot (parembugan | pasumbang)
c bot Mengubah: so:Indunisiya
SieBot (parembugan | pasumbang)
Larik 416: Larik 416:
[[sg:Ênndonezïi]]
[[sg:Ênndonezïi]]
[[sh:Indonezija]]
[[sh:Indonezija]]
[[si:ඉන්දුනීසියාව]]
[[simple:Indonesia]]
[[simple:Indonesia]]
[[sk:Indonézia]]
[[sk:Indonézia]]

Révisi kala 22 Januari 2011 01.56

Republik Indonésia
Gendéra Indonésia Lambang Indonésia
(Ditèl) (Ukuran Gedhé)
Motto: Bhinneka Tunggal Ika (Basa Jawa Kuna: Sejé-sejé nanging tetep manunggal)
Basa resmi Basa Indonésia
Ibukutha Jakarta
Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono
Tlatah
 - Total:
 - % Air:
urutan 15
1,919,440 km²
4.85%
Pedunung


 - Total (2003):


 - Kapadhetan:
urutan ping 4


234,893,453


119/km²
Kamardikan
 - Proklamasi:

17 Agustus 1945
Jenengé Dhuwit: Rupiah
Zona Wektu: WIB, WITA, WIT
Lagu kabangsan: Indonésia Raya
Top-level domain|Internet TLD:.ID
Kodhe Negara62

Républik Indonésia iku sawijining negara ing Asia Kidul-Wétan. Kawentar kadidéné negara kang dumadi saka maèwu-èwu pulo, mula asring diarani Nuswantara (Nusantara). Miturut Departemen Dalam Negeri Republik Indonesia taun 2004, cacahing pulo ing saindhenging Nuswantara ana 17.504 pulo.

Sacara administratif wilayah, ana 33 provinsi, 440 kabupatèn/kutha, 5.263 kecamatan lan 69.929 desa/kalurahan.

Sajarah

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Sajarah Indonésia

Ing samadyaning pangaruh agama Hindu lan Buddha, sawetara karajan ngadeg ing pulo Sumatra lan Jawa wiwit abad kaping-7 nganti abad kaping-14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat, India sabanjuré nepungaké agama Islam kang pungkasané dadi agama paling gedhé ing Indonésia.

Wong-wong Éropah teka ing pawitaning abad kaping-16 lan nalika iku nemokaké negara-negara cilik. Negara-negara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku rempah-rempah ing tlatah kono.

Ing abad kaping-17, negara Walanda kang nalika iku minangka negara paling kuwat ing tlatah Éropah, nelukaké negara Inggris (British) lan Portugis (kajaba tlatah jajahan Portugis ing Timor Wétan). Bangsa Walanda njajah Indonésia nganti mangsané Perang Donya Kapindho. Wiwitané Walanda ngedegaké Syarikat Hindia Wétan Londho, yaiku armada niyaga rempah-rempah duwèké pamaréntah karajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping-19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indonésia.

Samangsa Perang Donya II, Walanda (Landa) dijajah karo Jèrman, nalika kuwi Jepun nguwasani Indonésia. Sawisé Indonésia kapilut ing taun 1942, pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indonésia iku kanca dedagangan sing kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké. Soekarno, Mohammad Hatta, K. H. Mas Mansur, lan Ki Hajar Dewantara banjur antuk kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun 1943.

Ing Maret 1945, pihak Jepun nggawé sawijining jawatan kuwasa kanggo mardikakaké Indonésia, sabubaré Perang Pasifik rampung ing taun iku. Kahanan iki kasurung déning organisasi para mudha, klompok pimpinan Soekarno nyoba supaya Indonésia bisa mardika.

Ing madya liya, Walanda ngirimaké pasukan kanggo ngrebut manèh Indonésia.

Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak pulisi' (Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indonésia kanggo mardika ing 27 Desember 1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, utamané Amérika Sarékat. Soekarno dadi présidhèn pisanan Indonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.

Ing warsa 1950-an lan 1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya ta Republik Rakyat China lan Yugoslavia. Ing taun 1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo negara tangga, Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.

Jendral Soeharto dadi présidhèn ing taun 1967 kanthi alesan ngamanaké negara saka anceman komunisme tumrap Soekarno sing nalika kuwi sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa, PKI dibubaraké lan warga Indonésia sing dikira cawé-cawé lan mélu komunis akèh sing mati. Ing 32 taun pamarintahan Soeharto iku kasebut Orde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno sing kasebut Orde Lama.

Soeharto kasil nyedhakaké manèh Indonesia marang negara-negara manca - lan kasil nuwuhaké ekonomi sing manjila, ora kétang ora warata. Ing wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi negara digawé déning sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomi University of California at Berkeley, sing diwènèhi gelar "kelompok Berkeley". Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa sing sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, negara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun 1998.

Saka 1998 nganti 2001, ana telung (3) présidhèn sing mung sedhéla waé ngrasakaké kuwasa, yakuwi: Bacharuddin Jusuf (BJ) Habibie, Abdurrahman Wahid lan Megawati Soekarnoputri. Ing taun 2004 présidhèn Indonésia sing anyar yaiku Susilo Bambang Yudhoyono.

Indonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit seka dhuwit, pulitik, agama, lan rasa guyub. Aceh lan Papua nyoba luwar seka Negara Kesatuan Républik Indonésia. Timor Wétan malah wis ngumandhangké kamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasani Indonésia lan 3 taun ing panggulawenthahé PBB. Masalah paling anyar sing katimpa negara iki yaiku anané samubarang karusakan jalaran alam.

Ing 26 Desember 2004, tsunami nerjang puluhan éwu warga ing Aceh lan Pulo Nias, Sumatra.

Pulitik

Péta Indonésia

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Pulitik Indonésia

Indonésia iku salahsijining saka telung negara (India, Indonésia, Israel) sing nganggo sistem démokrasi kanthi pas lan bener ing pamaréntahané. Indonesia arupa negara republik presidensial multipartai sing demokratis. Kayadéné ing negara-negara demokrasi liyané, sistem pulitik ing Indonesia didhasaraké marang Trias Politika yaiku pamisahan kakuwasan legislatif, eksekutif lan yudikatif. Kakuwasan legislatif dicekel déning sawijining lembaga sing jenengé Majelis Permusyawatan Rakyat (MPR) sing dumadi saka rong badan yaiku DPR sing anggota-anggotané arupa wakil-wakil Partai Pulitik lan DPD sing anggota-anggotané makili provinsi sing ana ing Indonesia. Saben dhaérah diwakili déning 4 wakil sing dipilih langsung déning rakyat ing dhaérahé dhéwé-dhéwé.

Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) iku lembaga paling dhuwur negara. Nanging sawisé amandemen ka-4 MPR dudu lembaga paling dhuwur manèh. Kaanggotaan MPR owah sawisé Amandeman UUD 1945 ing periode 1999-2004. Kabèh anggota MPR iku anggota DPR, ditambah anggota DPD (Dewan Perwakilan Daerah).[1] Anggota DPR lan DPD dipilih liwat pemilu lan dilantik ing mangsa jabatan limang taun. Wiwit 2004, MPR iku sawijining parlemen sistem rong kamar (bikameral), sawisé kacipta DPD minangka kamar kaloro. Sadurungé, anggota MPR iku kabèh anggota DPR ditambah Utusan Golongan. MPR wektu iki diketuani déning Hidayat Nur Wahid. Anggota MPR wektu iki ana 550 anggota DPR lan 128 anggota DPD. DPR wektu iki diketuani déning Agung Laksono, déné DPD diketuani déning Ginandjar Kartasasmita.

Lembaga èksekutif pusaté dumunung ana ing présidhèn, wakil présidhèn, lan kabinet. Kabinet ing Indonesia arupa Kabinet Presidensiil saéngga para mentri tanggung jawab marang présidhèn lan ora makili partai pulitik sing ana ing parlemen. Senadyan mangkono, Présidhèn wektu iki yakuwi Susilo Bambang Yudhoyono sing diusung déning Partai Demokrat uga nunjuk sawetara pamimpin Partai Politik supaya lungguh ing kabineté. Tujuané kanggo njaga stabilitas pamaréntahan ngèlingi kuwaté posisi lembaga legislatif ing Indonesia. Nanging pos-pos wigati lan strategis umumé diisi déning Mentri asal saka wong sing dianggep ahli jroning bidhangé).

Lembaga Yudikatif wiwit mangsa reformasi lan anané amandemèn UUD 1945 diayahi déning Mahkamah Agung, Komisi Yudisial, lan Mahkamah Konstitusi, klebu pangaturan administrasi para hakim. Senadyan mangkono Menteri Hukum lan Hak Asasi Manungsa tetep ana ing kabinèt.

Wewengkon

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Dhaérah-Dhaérah ing Indonésia

Indonésia iku negara paling jembar ing Asia Kidul-Wétan sing ketata jroning provinsi-provinsi. Indonesia wektu iki dumadi saka 33 provinsi, lima ing antarané arupa dhaérah istiméwa. Saben provinsi nduwèni badan legislatur lan gubernur. Provinsi dipérang dadi kabupatèn lan kutha, sing dipérang manèh dadi kecamatan lan manèh dadi kelurahan lan désa.

Provinsi Nanggroe Aceh Darussalam, DKI Jakarta, D.I. Yogyakarta, Papua, lan Papua Kulon nduwèni hak istiméwa legislatur sing luwiih gedhé lan tingkat otonomi sing luwih dhuwur saka pamaréntahan pusat tinimbang provinsi liyané. Contoné, pamaréntahan Nanggroe Aceh Darussalam nduwèni hak kanggo mbentuk sistem hukum dhéwé; ing taun 2003, Aceh wiwit netepaké hukum Syariah.[2] Yogyakarta olèh status Dhaérah Khusus minangka pengakon marang peran wigati Yogyakarta jroning ndhukung Indonesia sajroning Revolusi Indonesia.[3] Provinsi Papua, sebelumnya disebut Irian Jaya, mendapat status otonomi khusus tahun 2001.[4] Jakarta adalah daerah khusus ibukota negara. Timor Portugis digabungkan ke dalam wilayah Indonesia dan menjadi provinsi Timor Wétan pada 1979–1999, yang kemudian memisahkan diri melalui referendum menjadi Negara Timor Leste.[5]

Provinsi ing Indonesia lan ibukuthané

Géografi

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Géografi Indonésia

Indonésia ana ing posisi antara 6º LL – 11º LK lan 95º BW - 141º BW, antara Samudra Pasifik lan Samudra Hindhia, antara Bawana Asia lan Bawana Australia, lan antara patemon 2 rangkeyan pagunungan, yaiku Banjaran Pasifik lan Banjaran Mediteranian.

Indonésia nduwé luwih 18,000 pulo (watara 6000 ora dienggoni) kasebar ing sekitar khatulistiwa, lan nduwé iklim tropika. Pulo sing paling padhet pedunungé yaiku pulo Jawa, separo pedunung Indonésia ana ing pulo iki. Indonésia nduwé 5 pulo gedhé, yaiku: Jawa, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, lan Papua.

Lokasi Indonésia uga ana ing pinggir lèmpèng tèktonik sing aktif kang ateges Indonésia asring kena lindhu lan uga tsunami. Indonésia uga nduwé akèh gunung geni, salah sijiné yaiku gunung Krakatau ing selat Sundha.

Ékonomi

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Ékonomi Indonésia

Ing pungkasan taun 1990-an Ékonomi Indonésia ngalami kamunduran amarga krisis ékonomi sing ngenani sabagéyan gedhé Asia wektu iku nanging Ékonomi Indonésia saiki wiwit stabil manèh.

Barkas:Industri.jpg
Indhustri Pertamina

Indonésia nduwé sumberdaya alam sing gedhé ing sanjabaning Jawa, antarané lenga mentah, gas bumi, timah, tembaga lan emas. Indonésia iku eksportir gas bumi paling gedhé nomer loro ing donya, ning akir-akir iki wiwit dadi importir lenga mentah. Kasil tetanèn kang utama antarané beras, tèh, kopi, rempah-rempah lan janganan lobak.

Mitra dagang Indonésia paling gedhé yaiku Jepang, Amérika Sarékat lan negara-negara tanggané yaiku Malaysia, Singapura lan Australia.

Indonésia nduwé akèh sumberdaya alam lan pedunung, nanging isih ngadhepi masalah kamiskinan sing sabagéyan gedhéné disebabaké korupsi utamané ing pamarèntahan.

Bank sentral Indonésia yaiku Bank Indonésia.

Démografi

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Démografi Indonésia

Yèn dideleng saklepasan, pedunung ing Indonésia bisa dipèrang dadi loro. Ing sisih kulon, pedunungé akèh saka suku Melayu. Ing sisih wétan akèh-akèhé seka suku Papua sing nduwé sesambungan karo kapuloan Melanesia. Akèh pedunung sing mratélakaké pérangan saka suku sing luwih pramana, kang dipérang manut basa lan asal wewengkon, upamané Jawa, Sundha, Batak.

Islam dadi agama mayoritas sing dianut udakara 80% pedunung Indonésia. Angka iki ndadèkaké Indonésia dadi negara kanthi pedunung muslim paling akèh ing ndonya. Sisané ngugemi agama Protestan (8,9%), Katulik (3%), Hindhu (1,8%), Buddha (0,8%), lan liya-liyané (0,3%).

Akèh-akèhé pedunung Indonésia migunakaké basa wewengkoné dhéwé kanggo pocapan padinan, Éwasemana, basa Indonésia dadi basa resmi sing diajaraké ing sekolahan.

Sumrambahing pedunung Indonésia ora warata. Pedunungé mundhak matikel-tikel kanthi angka sing dhuwur. Pulo Jawa sing aling padhet pedunungé, lan uga dadi punjering pamarèntahan. Pulo Jawa iba vital lan strategis lan kudu digatèkaké temenan. Pedunung Indonésia sing manggon anèng pulo-pulo sisih lor luwih sithik, tinimbang negara-negara kaya ta Jepang, China lan India.

Budaya

Candhi Barabudhur ing Magelang, Jawa Tengah

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Budaya Indonésia

Jinising kasenian ing Indonésia akèh dipengaruhi karo sawetara kabudayan. Tari Jawa lan Bali iku sing kondhang, contoné, akèh antuk pangaribawa saka kabudayan Hindhu. Akèh candhi-candhi sing kawangun kaya ing tanah Indhia. Déné pagelaran wayang lan bathik uga kawentar ing ndonya. Akèhing suku bangsa lan agama agawé regeng kabudayan Indonésia.

Kasil Alam

Karèt

Karèt naté kondhang kanthi sebutan ‘enam hitam’ lan iku bebathi nguntungaké devisa ing jaman mbiyèn. Ing ndonya, saiki Indonésia ngancik trap ka-loro sawisé Malaysia ing babagan karèt. Negara-negara sing ngasilaké karèt liyané yaiku Thailand, India, Sri Lanka, Nigeria, Liberia, Zaire, Brazil lan Filipina.

Klapa Sawit

Barkas:Sawit.jpg
Wit Sawit

Kebonan klapa sawit sansaya jembar. Kasilé kaolah dadi lenga lan inti sawit. kasilé iki dièkspor menyang njaba negara lan uga kanggo kabutuhané wong-wong Indonésia dhéwé.

Tembako

Barkas:Tembako.jpg
Alang-alang Tembako

Aréal tembako (mbako) ing taun 1979 kira-kira ambané 198.000 Ha. Ing antarané saka angka kuwi yaiku 183.000 Ha kaselenggarakaké déning rakyat, 2000 Ha diurusi cukong-cukong gedhé, lan 13.000 Ha didarbèni pamarintah (PTPN).

Emas lan Pérak

Emas lan pérak digulawentah déning PT Aneka Tambang ing Banten Kidul, karo Freeport Indonésia lan wiji tembaga ing Papua. Kanthi prasaja, rakyat uga mélu ngolah emas lan pérak kanthi cilik-cilikan.

Aspal Alam

Panambangan aspal kagiyaraké ing Sulawesi Kidul-Wétan, Sakabèhé 19 lapangan gedhé lan cilik, lima ing antarané kaanggep becik. Yèn dikira sakabèhé, kira-kira 28,5 yuta ton.

Militèr

Album

Rujukan

  1. Majelis Permusyawaratan Rakyat. Amandemen Ketiga Undang-Undang Dasar 1945 (PDF). Dibukak ing 2006-12-13.
  2. Michelle Ann Miller (2004). "The Nanggroe Aceh Darussalam law: a serious response to Acehnese separatism?". Asian Ethnicity. 5 (3): 333–351. doi:10.1080/1463136042000259789.
  3. Dewan Perwakilan Rakyat (1999). Chapter XIV Other Provisions, Art. 122; Indonesia Law No. 5/1974 Concerning Basic Principles on Administration in the RegionPDF (146 KiB) (versi terjemahan). Presiden Indonesia (1974). Chapter VII Transitional Provisions, Art. 91
  4. Dursin, Richel (2004-11-18). "Another Fine Mess in Papua". Editorial. The Jakarta Post. Dibukak ing 2006-10-05. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung); "Papua Chronology Confusing Signals from Jakarta". The Jakarta Post. 2004-11-18. Dibukak ing 2006-10-05. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  5. Burr, W. (6 December 2001). "Ford and Kissinger Gave Green Light to Indonesia's Invasion of East Timor, 1975: New Documents Detail Conversations with Suharto". National Security Archive Electronic Briefing Book No. 62. National Security Archive, The George Washington University, Washington, DC. Dibukak ing 2006-09-17. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)

Uga delengen

Pranala Jaba


Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA