Manila

kutha krajan Filipina
Kota Manila
Lungsod ng Maynila
Lambang Manila
Peta lokasi Manila
Koordinat 14°35' N 121° E
Nagara Filipina
Wewengkon Wewengkon Kutha krajan Nasional
Tanggal Jadi 10 Juni 1574
Walikota Jose L. Atienza, Jr.
Jembar wewengkon 38.55 km2
Penduduk 1.581.082 (2000)
 -Kepadatan 41.014/km2
Basa Basa Tagalog, Basa Inggris
Zona PST(UTC+8)
Situs resmi http://www.manila.gov.ph

Manila (Maynila ing basa Filipino) punika kitha krajan Filipina. Kitha punika dumunung wonten ing sisih wétan Lempongan Manila ing pulo paling ageng lan paling lèr Filipina, Luzon. Sanajan taksih wonten sawatawis panggénan tiyang mlarat, kitha punika minangka salah satunggiling kitha kosmopolitan donya lan laladan metropolitanipun dados pusat ékonomi, budaya, pendidikan lan indhustri nagari punika. Manila asring kasebat Mutiara Orient.

Manila punika laladan metropolitan kanthi sing ndunungi langkung saking 10 yuta jiwa. Metropolis punika kasebat Metro Manila, nanging asring namung dipuncekak dados Manila kémawon déning tiyang manca nagari, gadhah 17 kitha lan munisipal. Artikel punika namung mbahas kithanipun; pirsani Metro Manila kanggé artikel bab laladan metropolisipun.

Kitha punika minangka kitha paling padat nomer kalih ing Filipina sasampunipun kitha Quezon, tilas kitha krajan Filipina.

Manila lan laladan saubengipun dipundadosaken satunggil minangka Metro Manila kanggé nggampilaken pengaturan laladan pertumbuhan super cepat punika. Wekdal punika, kitha lan metropolisipun minangka pusat budaya lan ékonomi. Nanging kitha punika ugi gadhah masalah over-populasi, kemacetan, lan polusi.

Sajarah

besut

Jaman Pra-Spanyol

besut

Manila wiwitanipun wujud satunggiling pemukiman muslim ing sungapan Kali Pasig ing pasisir Lempongan Manila. Salah setunggil perkiraan asal namanipun inggih punika saking ukara may nilad ingkang kanthi barès tegesipun "wonten nilad". Nilad piyambak artosipun tuwuhan bakau akembang pethak ingkang tuwuh ing laladan punika wau.

Wonten ing tengah abad angka 16, tlatah saubengipun Manila dipunpréntah déning tiga rajah inggih punika: Rajah Sulayman lan Rajah Matanda ing komunitas sisih kidulipun Kali Pasig lan Rajah Lakandula ing sisih Lèr. Para rajah wau ugi ngawontenanken gayutan kaliyan Kesultanan Brunei, Sulu, lan Ternate ing Cavite.

Duginipun Spanyol

besut

Taun 1570, satunggiling èkspèdhisi Spanyol ingkang dipunpimpin déning Miguel López de Legazpi dumugi Manila. Andhahanipun, Martín de Goiti, késah saking Cebu lan saduginipun dhateng Manila, dipuntampi déning tiyang Tagalog muslim. Senaos makaten, Goiti tetep nyerang Manila kanthi wadyabala ingkang agengipun 300 orang. Legaz dugi setaun malih lan mujudaken perdamaian kaliyan para rajah. Piyambakipun ndamel satunggiling dewan kutha kanthi anggota 15 jalmi. Intramuros ingkang dipunkubengi déning témbok dipunyasa kanggé nglindhungi para penjajah Spanyol. Tanggal 10 Juni 1574, Raja Phillip II saking Spanyol maringi gelar Insigne y Siempre Leal Ciudad ("Distinguished and Ever Loyal City") dhumateng Manila. Manila dados kitha krajan Filipina taun 1595 lan dados pusat perdhagangan pérak trans-Pasifik.

Wisata

besut

Panggénan Misuwur (Landmarks)

besut
 
Chancery of the American Embassy in Manila
Barkas:253.jpg
Intramuros
  • Avenida Rizal (Rizal Avenue)
  • Escolta Street
  • Quiapo/Plaza Miranda/Carriedo Street/Quiapo Churcg area
  • 168 Shopping Mall-Divisoria
  • Divisoria Flea Market
  • Ever Gotesco Manila Plaza (C.M.Recto Street)
  • Harrison Plaza (SM Harrison; Shopwise; Rustan's), Macario Adriatico Street, Malate
  • Isetann Department Store (Recto and Quiapo)
  • Palengke or Pamilihan sa ilalim ng tulay (lit. "marketplace under the bridge"-a center for indigenous Filipino products
  • Quiapo Bargain Center, home of endless bargain goods
  • Robinson's Place-Manila, Pedro Gil St., Ermita
  • SM City Manila (Located In Navidad Lopez St Corner Arocceros St Ermita Manila in front of the Manila City Hall)
  • SM City San Lazaro (Located In Felix Huretas corner A Lacson Avenue Sta Cruz Manila)
  • SM Sta. Mesa (Ramon Magsaysay Blvd. boundary Quezon City and San Juan)
  • SM Department Store Harrison Plaza
  • SM Department Store-Quiapo
  • Tutuban Center-Divisoria (Cluster Building, Centermall & Primeblock)
  • University Mall

Museum

besut
  • Bahay Tsinoy
  • Intramuros Light and Sound Museum
  • Museo ng Maynila (Museum of Manila)(Pre-War Army-Navy Club Bldg.), Rizal Park
  • National Museum of the Filipino People, Rizal Park
  • Main National Museum, Padre Burgos Street
  • Museo Pambata (Children's Museum)(Pre-War Elk's Club Bldg.), Rizal Park
  • Parish of the Our Lady of the Abandoned-Sta. Ana (pre-Spanish artifacts)
  • Plaza San Luis, Intramuros
  • San Agustin Church Museum, Intramuros
  • The Museum-De La Salle University-Manila, Taft Avenue, Malate
  • UST Museum of Arts and Sciences

Ugi pirsani

besut

Pranala njawi

besut